Gusti Yesus ngandika: “Hé, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu.”

 Sugeng rawuh ing situs web Gereja Rasul.

Kawula ngaturi panjenengan rawuh dinten Minggu wanci tabuh pukul 10:00 enjang (14:00 UTC). (online, ing Basa Inggris)

Java Mount Bromo.jpg

Gunung Bromo, Jawa Timur, Indonesia

Mt. Bromo, East Java, Indonesia (Steppes Travel)

Dados kinurmatan kawula minangka bagianipun saking komunitas Fairfax langkung saking 50 taun, lan kraos bingah kangge lokasi ènggal wonten ing 11717 Lee Highway. Sanajan kita dèrèng saged pinanggih ing wekdal sapunika, kawula badhé matur sekedhik mawi basa panjenengan.

Sakpunika wekdal ingkang awrat ing sejarahipun bangsa kita lan tumrap ing sedayanipun jagad. Babagan penyakit, perang, karesahan sosial, mboten pastinipun kahanan politik lan ekonomi — sedaya punika njalari kita ajrih, nglokro utawi mboten wonten pengarep-arep, rumaos piyambak dan teras pados jawaban. Kita minangka patunggilipun Gusti Yesus Kristus pitados dené Gusti piyambak kagungan wangsulan amargi Panjenenganipun langkung ageng saking sedaya masalah. Gusti maringi janji menawi kita martobat saking dosa lan pitados, Panjenenganipun badhé paring kawelasan, pangampuntenan lan nyambut kita wonten ing Ngarsanipun sang Pangeran. Punika mboten temah dené gesang lajeng gampil, ananging kita gadhah raos tentrem ingkang nglangkungi sedaya pangertén. Punika sanès agama, lan mboten dipun watesi budaya lan ras katemtu. Punika babagan hubungan kalliyan Bapa Suwargi ingkang paring sih katresnan dumateng kita sedaya.

Menawi panjenengan ngersakaken mangertos langkung kathah (ing Basa Inggris), monggo saged hubungi nomor punika: 703-591-1974 utawi klik tombol LEARN MORE utawi LET’S CONNECT. Kawula bingah saged rerembagan kaliyan panjenengan.

Kitab Suci ing Basa Jawi (mawi audio)

Jesus Film ing Basa Jawi